Selasa, 23 Februari 2021

Kunci Jawaban Uji Kompetensi 1_Lks Bahasa Jawa_Kelas 4 SD_Halaman 17-20

 Uji Kompetensi 1


I. Pilihen salah siji wangsulan kang paling bener !


Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-8 !


Jaranan


Dina Minggu, Dodo bapak lan ibune dolan menyang Pantai Klayar, Pacitan. Dodo lan wong tuwane numpak montor menyang pantai. Sawise tekan pantai, Dodo seneng banget amarga pantaine indah banget.


Dina iku, uwong-uwong pada dolan menyang pantai amarga pada prei sekolah. Saengga gawe swasana pantai dadi rame. Dodo lan wong tuwane dolanan banyu ing pinggir pantai. Bapak uga moto polahe Dodo ing pantai nganggo kamera telpon.


Pas lagi dolanan banyu ing pantai, enek pagelaran tari jaranan ing pinggir pantai. Bocah-bocah cilik padha nganggo dandan sing apik. Bocah-bocah iku banjur nari Jaranan uga nyanyi tembang "Jaranan" bareng-bareng. Dodo seneng banget lan melu njoget sarta nyanyi tembang "Jaranan" koyo mangkene cakepan tembange. 

Jaranan-Jaranan, jarane jaran teji

Sing numpak ndara Bei

Sing ngiring para mentri

Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung

Jeg-jeg gedebuk krincing

Gedebug jedher

Gedebug krincing

Jeg-Jeg gedebug jedher

 


1. Dodo dolan menyang Pantai Klayar ing dina........

A. Setu

B. Minggu

C. Senin

D. Selasa




2. Pantai Klayar rame banget jalaran ngepasi.......

A. Dina kerja

B. Dina anak

C. Wayah mlebu pantai

D. Wayah preinan




3. Pagelaran tari jaranan dianakake ing .......

A. Pinggir pantai

B. Pinggir warung

C. Tengah pantai

D. Tengah karang




4. Anggone nari dibarengi karo nembang......

A. Lagu "Sepuran"

B. Lagu " Gajah Belang "

C. Lagu "Jaranan"

D. Lagu "Gugur Gunung"




5. Lagon "Jaranan" kalebu jinise tembang.......

A. Gedhe

B. Tengahan

C. Alit

D. Dolanan




6. Ing tembang, sing numpak jaran yaiku......

A. Dodo

B. Bocah cilik

C. Ndara Bei

D. Para mentri




7. Ing tembang, jeneng jarane yaiku......

A. Jaran kepang

B. Jaran teji

C. Jaranan 

D. Jaran andhong 




8. Tembang "Jaranan" ngemot tema bab ........

A. Tetanduran

B. Kewan 

C. Panganan

D. Lingkungan




9. Salah sawijining tembang kang prasaja lan kulinane ditembangake dening bocah-bocah cilik ing padesan sinambi dolanan bebarengan, yaiku......

A. Tembang macapat

B. Tembang dhandhanggula

C. Tembang kreasi

D. Tembang dolanan




10. Ing ngisor iki tuladhane tembang dolanan, kajaba......

A. Jaranan

B. Gajah-Gajah

C. Jamuran

D. Kinanthi




11. Cacahe Gatra utawa larik ing tembang dolanan iku.......

A. Winates

B. Prasaja

C. Gampang dingerteni

D. Ngemot nilai prasaja




12. Tembang dolanan ngemot piwulang kang becik, kajaba........

A. Kejujuran

B. Kurmat kinurmatan

C. Jujur

D. Umuk




13. Tembang dolanan iku ditembangake sinambi.......

A. Upacara

B. Lomba

C. Hiburan

D. Dolanan




14. Tujuwan utama isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani.......

A. Katrampilan 

B. Ilmu pengetahuan

C. Budi pakarti

D. Lingkungan




15. Salah sawijine ciri tembang dolanan, yaiku......

A. Ukarane dawa-dawa

B. Cengkok utawa lagune angel

C. Ukarane cekak lan prasaja

D. Ukarane endah lan angel




Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomor 16 nganti 20 !


Jago Kluruk

Ing wayah esuk, jagone kluruk

Rame swarane pating kemruyuk

Wadhuh senenge sedulur tani

Bebarengan padha nandur pari

Srengenge nyunar kulon prenahe

Manuke ngoceh ana wit-witan 

Paling cemruwit rame swarane

Tambah asri donya saisine


16. Tembang ing dhuwur iku dumadi saka.....gatra.

A. 7

B. 8

C. 9

D. 10





17. Jago kluruk wayah......

A. Sore 

B. Esuk 

C. Awan 

B. Bengi




18. Srengenge nyunar.......prenahe.

A. Etan

B. Kidul

C. Kulon

D. Lor




19. Manuk ngoceh ana ing........

A. Kurungan

B. Sawah 

C. Wit-witan

D. Papringan




20. Nilai budi pakarti saka tembang "Jago Kluruk" yaiku......

A. Gotong royong

B. Jujur

C. Mandiri

D. Kurmat-kinurmatan





II. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki nganggo tembung kang trep !


1. Tembang dolanan, yaiku........

Tembang dolanan yaiku salah sawijining tembang kang prasaja lan kulinane ditembangake dening bocah-bocah cilik ing padesan sinambi dolanan bebarengan




2. Tuladhane tembang dolanan, yaiku.......

- Dhondhong Apa Salak

- Ilir-Ilir

- Gajah-Gajah

- Jamuran

- Jaranan

- Gundhul Pacul




3. Tembang dolanan migunakake basa sing.......

Prasaja lan gampang dingerteni




4. Sing nganggit tembang "Lir-Ilir", yaiku......

Kanjeng Sunan Kalijaga 




5. Tuladhane nilai budi pakarti, yaiku.......

- Rasa kurmat

- Gotong-royong

- Welas asih

- Tulung-tinulung




6. Bocah-bocah dikenalake bab sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam lan sapanunggalane lumantar tembang.......  

Tembang dolanan




7. Tembang "Lumbung Desa" iku ngemot bab.....

Lingkungan 




8. Gatekna tembang ing ngisor iki !


Gajah Belang

Gajah belang saka tanah Plembang

Nuk renggunuk, nuk renggunuk

Gedhemu meh padha gunung



Tembang kasebut ngemot bab..........

Kewan 




Wacanen tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 9 lan 10 ! 


Ibu Pertiwi

Paring boga lan sandhang kang murakabi

Paring rejeki manungsa kang bekti

Ibu pertiwi, ibu pertiwi

Sih sutresna kang sesami

Ibu pertiwi kang adil luhuring budi

Ayo sungkem mring ibu pertiwi



9. Tembung murakabi ing tembang tegese......

Nyukupi




10. Piwulang becik kang bisa dituladhani saka tembang "Ibu Pertiwi" yaiku........

Ngajarake awake dewe supaya tansah syukur marang ibu pertiwi kang maringi boga lan sandhang kang murakabi.





III. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!


1. Apa ciri-cirine tembang dolanan ?

Wangsulan :

- Basane prasaja lan gampang dingerteni

- Cengkok utawa wilet lagu samadya

- Cacahe gatra utawa larikan winates/sithik

- Rasa lagune seneng

- Bisa ditembangake sinambi dolanan utawa jejogedan 

- Isine ngemot nilai sing prasaja




2. Apa tujuwan utama isine tembang dolanan ?

Wangsulan :

Tujuwan utama isine tembang dolanan yaiku ngajarake nilai budi pakarti marang bocah-bocah supaya bisa ditiru ing saben dinane, kayata rasa kurmat, gotong-royong, welas asih, tulung-tinulung lan liya-liyane.




3. Apa sing diarani nggancarake tembang ?

Wangsulan :

Nggancarake tembang tegese ngowahi tembang dadi gancaran ( prosa ).




4. Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomor 4 dan 5 !


Sepuran

Sinten nunggang sepur lunga nyang Kediri

Wong niki sepur dhur bayare setali

Sapa terima nggonceng konangan kondhektur

Yen didhendha kenceng napa boten kojur

Sinten nunggang sepur lungo dhateng Nganjuk

Sinten pengin makmur aja seneng umuk



4. Tembang ing dhuwur iku kalebu jenise tembang apa ?

Wangsulan :

Tembang dolanan




5. Coba andharna apa isine tembang "Sepuran" nganggo basamu dhewe kanthi becik !

Wangsulan :

Tembang "Sepuran" isi nggambarake menawa dadi wong kudu manut aturan , ora keno tumindak karep e dewe.



Baca Juga :


Tidak ada komentar:

Posting Komentar