Rabu, 10 Februari 2021

Kunci Jawaban Gladhen 4_Lks Bahasa Jawa kelas 4 SD_Halaman 14

 Gladhen 4

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener !



1. Apa sing diarani tembang dolanan iku ?

Wangsulan : 

Tembang dolanan yaiku tembang sing biyasa ditembangake dening bocah-bocah cilik sinambi dolanan karo kanca-kancane.




2. Sapa sing biyasane nembang tembang dolanan ?

Wangsulan : 

Bocah-bocah cilik




3. Apa sipate tembang dolanan iku ?

Wangsulan :

Tembang dolanan iku nduweni sipat minangka hiburan.




4. Apa tujuwan utama isine tembang dolanan ?

Wangsulan : 

Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ngajarake nilai budi pakarti marang bocah-bocah supaya bisa ditiru ing saben dinane, kayata rasa kurmat, gotong royong, welas asih, tulung-tinulung lan liya-liyane.




5. Apa sing bisa disinaoni saka tembang dolanan ?

Wangsulan : 

Saka tembang dolanan, bocah-bocah bisa sinau macem-macem bab. Bocah-bocah bisa sinau bab sato kewan, sato iwen, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan liya-liyane.



Baca Juga :

Kunci Jawaban Gladhen 1_LKS Basa Jawa Kelas 4 SD_Halaman 8


Baca Juga :

Kunci Jawaban Gladhen 2_Lks Bahasa Jawa Kelas 4 SD_Halaman 8


Baca Juga :

Kunci Jawaban Gladhen 3_Lks Bahasa Jawa Kelas 4_halaman 11-12


Tidak ada komentar:

Posting Komentar